Laman

18 January 2014

Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa

Pidato Perpisahan Sekolah Bahasa Jawa

hy sobat blogger yang berbahagia, kali saya akan memposting pidato dengan tema "PERPISAHAN SEKOLAH" dalam bahasa jawa.


Assalamu’alaikum. Wr. Wb.

Ibu Kepala Sekolah ingkang dahat kula kurmati, Bapak/Ibu  guru ingkang dahat kinurmatan. Rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Puja-puji syukur dhumateng gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun angleberaken rahmat sarta hidayah. Dene kula panjenengan sami saged makempal ing acara perpisahan kelas IX, wilujeng mboten wonten alangan satunggal punapa.
Bapak/Ibu guru ingkang dahat kinurmatan. Mboten kantun kula minangka wakilipun putra-putri kelas IX. Ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keikhlasan saha sih katresna Bapak/Ibu guru anggenipun nggulawenthah dhumateng para siswa, saengga saged ngrampungaken kewajiban ingkang sampun kelampahan sedangunipun tiga tahun, kanthi pikanthuk serat tanda tamat belajar.
Bapak/Ibu guru tuwin adik-adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula tresnani. Sakedhap malih kula sarencang nginggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula matur kados pundit raosipun nilar Bapak/Ibu guru adik-adik. Jaragan kawontenan kedah mekaten, pramila kapesa kula kaliyan rencang-rancang nilaraken bapak/ibu guru saha adik-adik kelas VII tuwin kelas VIII. Senadyan ta sampun pepisahan ingkang ateges tinebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados taksih celaking panggalih.
Kula sarencang kelas IX ingkang badhe nilaraken pawiyatan punika tansah nyenyuwun lan ndedonga adik-adik saged kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten pawiyatan punika kula ninangka wakilipun rencang kelas IX, tansah nyuwun gungan, mugi-mugi adik-adik sregep anggenipun sinau lan tansah ngaosi dhumateng Bapak/Ibu guru.
Kula kinten mboten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang. Kula namung tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak/Ibu guru saha adik-adik. Sageda wilujeng sesampunipun medal saking pawiyatan punikalan saged pikantuk pawiyatan luhur kangge ngangsu kawruh ngilmu ingkang langkung inggil.
Mbok bilih wonten tatkrami anggene kula matur saha sisip sebiring atur, kula minangka wakil kelas IX tansah nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa upami.

Akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum. Wr. Wb.



Comments
0 Comments

No comments:

Post a Comment

Kolom komentar terdapat opsi anonim