Laman

18 January 2014

Pidato Bahasa Jawa 10 November


"PIDATO 10 NOVEMBER BAHASA JAWA"
PIDATO BAHASA JAWA "10 NOVEMBER"
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kawula hormati bapak/ibu guru lan hadhirin-hadhirat ingkang minulya.
Monggo kita panjataken raos puja lan puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT,  ingkang sampun maringi kita sedaya Rahmat, Taufik lan Hidayah saingga kita saget makempal ing mriki kanthi mboten wonten halangan satunggal punapa.
Sholawat lan salam mugi-mugi kunjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW, ingkang mbekta umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kita antu-antu syafa’atipun wonten Yaumil Qiyamah.
Parasederek, wonten ing mriki badhe kawula aturaken babagan 10 November.
Sakbibaripun sedanipun Brigadir jendral Mallaby, digantosaken Mayor Jendral Robert Mansergh miyosaken ultimatum ingkang nyebataken sedaya pimpinan lan tiyang Indonesia ingkang kagungan senjata badhe lapor lan nyerahaken salira kaliyan junjung asta. Ultimatum punika ditolak pikantuk pihak Indonesia, amergi bangsa Indonesia sampun jumeneng lan Tentara Keamanan Rakyat (TKR) ugi sampun di damel.
Sedaya pemuda lan tiyang Indonesia menentang mlebetipun Pemerintah Belanda sing mboncengi tentara Inggris. Tentara Inggris ingkang tanggal 10 November 1945 nglancaraken serangan skala ageng ing kutha Surabaya saingga dumadi prastawa perang ageng ing antawasipun arek-arek Surabaya lan sekutu.
Para tokoh agama sing kedadosan saking ulama’ bebasan KH.Hasyim Asy’ari, KH.Wahab Hasbullah ugi ngerakaken santri-santri kange ngusir penjajah marang Surabaya. Lan Bung Tomo saget ngerakaken semangat perlawanan pemuda-pemuda Surabaya saingga saget ngusir penjajah marang Surabaya. Kathahe pejuang sing seda ing dinten 10 November 1945, saingga saben tanggal 10 November dipun peringati dinten pahlawan.
Hadhirin-hadhirat ingkang minulya.ing pengetan punika boten kula jlentrehake sedaya prastawa ing tanggal 10 November 1945, nanging semangatipun ingkang kedhah kita betahaken.semangat pejuang pahlawan kangge nindakaken pejuang ing babagan pembangunan. Mugi-mugi Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten ing jaja-jaja bangsa Indonesia kangge mbangun negari Indonesia. Kanthi berjuang “Sepi ing pamrih rame ing gawe”.
Kula raos cukup semanten pidato ingkang kawula aturaken. Menawi wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Penyusun Pidato : M.Soni Setiawan
 |Berbagai Sumber|







Comments
0 Comments

No comments:

Post a Comment

Kolom komentar terdapat opsi anonim