Laman

10 April 2016

soal UAS bahasa jawa kelas XII


SOAL UAS BAHASA JAWA KELAS XII
Contoh soal UAS bahasa jawa kelas XII.
Memuat Bab : Tembang Dhandangula, Tembang Kinanthi, Peribahasa, Teks eksposisi, parikan, geguritan, cerita rakyat (unsur intrinsik/ekstrinsik), pidato, basa krama dan basa ngoko, drama, iklan/pariwara, membaca cepat.

UJIAN AKHIR SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2015/2016
Mata pelajaran : bahasa jawa
Hari : Sabtu, 12 maret 2016
Waktu : 60 menit
Jumlah soal : 41
No-1
Basa kanthi unggah-ungguh sing bener tumerap wong kang luwih tuwa kuwi mujudake kebudayaan kang adiluhung. Tembung adiluhung nunggal teges karo tembung ..
A; luhur
B; kuasa
C; jumbuh
D; gedhe
E; wragad

No-2
Peribasan “kendel ngringkel dhadag ora godhad” tegese ..
A; melu seneng nanging ora wragad
B, nemu bebaya sing ora dinyana-nyana
C; ngaku kendel lan pinter, jebule jirih lan bodho
D, wong kang kulina laku ala, senajan dimareni kala masangsane isih nglakoni ala
E, kendel umuk nanging ora ana bondo

No-3
Ekspresi, patrap, obahing awak lan pasemon (rai) naliko maca geguritan diarani ..
A, wicara
B, wirasa
C, wirunggan
D; wiraga
E; wirama

No-4
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Saka rong gatra tembang kinanthi ing dhuwur, piweling sing bisa kokjupuk yaiku ..
A; ora ono wong sing bisa urip dewe
B; kabeh wong musti mbutuhake wong liya
C; sangune wong urip yaiku mung eling lan waspada
D; wong bejo iku wong kang iling lan waspada
E; wong urip iku kudu tansah sinau supaya migunani

Wacanen potongan tembang dandhangula ing ngisor iki kanthi cermat kanggo jawab pitakon No. 5-6
Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa sanya anuladha,
Kadya nguni caritane,

No-5
Tembung “Yogyanira” tegese ..
A; apike
B, anak
C; wani
D, kuasa
E; manut

No-6
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing dhuwur gatra kaping siji yaiku ..
A; 11-i
B; 10-t
C; 12-i
D;  9-a
E; 10-i

No-7
Nyi loro kidul, dewi sri, ken dedes ken arok. Iki tuladhane cerita ..
A; epos, legendha, sage
B; mite, sage, legendha
C; mite, legendha, sage
D; legendha, mite, sage
E; epos, legendha, sage

No-8
Tandha-tandha fisik lan non fisik kang diduweni paraga kasebut ..
A; paraga
B; alur/plot
C; sudut pandang
D; watak
E; tema

No-9
Alur kang gambarake kahanan saiki, diterusake ngandarake kahanan kang wis kepungkur diarani ..
A; regresif
B; progresif
C, campuran
D; umum
E; induktif

Wacanen potongan cerita rakyat ing ngisor iki kanthi cermat kanggo jawab pitakon No. 10-12
Kanggo sempurnaning ngelmu, Ki Ajar Salokantara budhal menyang puncaking gunung merbabu. Naliko arep budhal, Ki Ajar ninggal wling marang wong-wong wadon ing kono aja mangku gaman naliko rajang-rajang. Nanging kepriye wae manungso iku nggembal lali. Mangkono ugo Nyi Endang Kirana naliko rajang-rajang ladinge dipangku ing pangkon. Amerga ngangglar wewaler, mula Nyi Endang Kirana banjur ngandut. Naliko lair ora awujud jabang bayi, nanging weujudan ula gedhe aran baruk klinting.

No-10
Unsur ekstrinsik apa kang ono ing penggalane crita rakyat ing dhuwur ..
A; agama
B; sosial
C; budaya
D; pendidikan
E; ekonomi

No -11
Amanat kang sesuai karo crita ing dhuwur, kejaba ..
A, tekad kang kuat
B; bijaksana
C; nggemleno
D; sabar
E; wibawa

No-12
Paraga kang nduweni sifat teguh lan kuat tekate ora gampang trima apa kang wis dadi pandume yaiku ...
A; Ki Ajar Salokantara
B; Nyi Endang Kirana
C; Baruk Klinting
D; Ki Ajar Salokantara lan Nyi Endang Kirana
E; Nyi Endang lan Dewi Kirana

No-13
Ing ngisor iki klebu tanda-tandane teks eksposisi, kejaba ..
A; hasile mbudi daya
B; gaya tulisane informatif
C; faktane bisa digunakake kontributif
D; sifate ilmiah
E; njlentreh penjelasane

No-14
Sumbering teks eksposisi kang paling akurat lan bener faktane yaiku ..
A; pengalaman moco buku
B; penelitian
C; saking google
D; percobaan
E; observasi langsung

No-15
Kucingku telu, kabeh lemu-lemu, sing siji abang, sing loro ...., ukara nang lagu “kucingku telu” nang ngarep mau yen di lebokake marang eksposisi klebu nang teks eksposisi ..
A; defenisi
B; klasifikasi
C; ilustrasi
D; laporan
E; pertentangan

No-16
Ngenalake barang, ngajak konsumen supaya gelem tuku, narik perhatiane konsumen, njelasake kaluwihane barang. Iku tujuane ..
A; pariwara
B; pengumuman
C; teks eksposisi
D; teks deskripsi
E, pidato

No-17
Unen-unen kang dumadine saka rong gatra ing ndalem sak ukarane yaiku ..
A; tembang
B; pantun
C; wangsalan
D; parikan
E; geguritan

No-18
Dawa cedhake, duwur cendheke, lan jeda nalika geguritan dilisanake diarani ..
A; rima
B; nada
C; ritma
D; wirama
E; wicara

No-19
Manuk emprit nucuk pari
Genepe parikan kasebut yaiku ..
A; dadi murid sing nurut
B; dadi murid sing ataberi
C; dadi murid sing pinter nuruti
D; dadi murid aja medhit
E; nurut marang gusti

No-20
Yen wong moco cepet gunggung tembung 660. Anggone maca cepet sak menit lan swidak detik, mula anggone maca cepet saben menit....tembung
A, 120
B; 330
C; 220
D; 324
E; 442

No-21
Pangajabe kabeh pihak kang bakal nindakake krama yaiku ..
A; duwe keturunan kang akeh
B; wiwicane becik mangka selawase bakal becik
C; gampang anggone padha golek rejeki
D; didohne saka godha rencana
E; nemahi kaluhuran

No-22
Mula saka kuwi akeh wong tuwo biyen tansah paring pitutur marang manten sarimbit supaya tansah ngrekadaya murih bisa mantenan salawase. Tembung “ngrekadaya” tegese ..
A; nyingkiri
B; nyedhaki
C; ngupaya
D; nemahi
E; nglakoni

No-23
Basa kramane “nandur” yaiku ..
A, labuh
B, tinandur
C; nanem
D; kawuningan
E, padinan

No-24
Sepi ing pamrih rame ing gawe tegese ..
A; ngendelake kekuatane
B; ngatonake panguwasane
C; pemimipin sing nerak marang wewalare
D; sengkud nyambut gawe tanpa duwe pamelik kanggo awake dewe
E, duwe anggap kumalungkung

No- 25
Pemimpin iku kudu dadi tuladha sing becik marang andhahane, iku jumbuh karo unen-unen ..
A; ing madya mangun karsa
B; tut wuri handayani
C; sapa sira sapa ingsun
D; adigang, adigung, adiguna
E; ing ngarsa sung tuladha

No-26
Pemimpin sing gawe aturan nanging banjur dilanggar dhewe jumbuh karo unen-unen ..
A; sapa nandur ngundhuh
B; adigang, adigung, adiguna
C; gajah ngidak rapah
D; sapa salah bakal saleh
E, becik ketitik ala ketara

Wacanen kanthi permati tembang dhandangula ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon no.27-28
Kahruwana wong priya sejati
Lamun arsa hangpuya garwa
Den patitis pamilihe
Pisan kengguh wong ayu
Kaping pindho milih wong sugih
Kaping telu kawibawan
Kaping papatipun
Kena sambang sesrawungan
Bisa uga ginelut ing tembang manis
Mawa denya waspada

No-27
Watake tembang dhandanggula yaiku ..
A; gandrung asmara
B, luwes, manis, sarwa cocok
C; gandrung tegang
D; nerangake, mbabar kawruh
E; dendam

No-28
Ana ing tembang dhandanggula ing duwur, kanggo priya kang arep golek garwa, yen milih kudu .., kajaba ..
A; ayu samubarange, ya rupa ya atine
B, sugih samubarange, ya donya ya atine
C; kawibawaan, sambang
D; ngremehake, ngina wong liya
E; sambang sesrawungan

No-29
Manuk emprit, menclok pager. Ukara parikan iki maceme ..
A; nasehat, 4 wanda + 4 awanda
B; gegojegan, 4 wanda + 4 awanda
C; nasehat,  4 wanda + 5 awanda
D; semonan, 4 wanda + 4 awanda
E; pachelathon, 4 wanda + 4 awanda

No-30
Ukara kang ngemu tembung-tembung runtut (runtut swarane utawa runtut sastrane) di arani
A; parikan
B; wangsalan
C; paribasan
D; tembang
E; bebasan

No-31
Surasane warta lumrahe diwedharake ana ing sajroning ..
A; wanda
B; paragraf
C; tembung
D; ukara
E; irah-irahan

No-32
Kumbakarna kinen mangsah jurit.
Tegese sagatra ing nduwur yaiku ..
A; kumbakarna didhawuhi mimpin perang
B; kumbakarna arep maju perang
C; kumbakarna didhawuhi mimpin perang
D; kumbakarna mangkat maju perang
E; kumbakarna tumuju perang

No-33
Tembung jurit tegese ..
A; mimpin
B; tapa
C; lunga
D; perang
E; ngumbara

No-34
Nuwun para rawuh ingkang pantes kinurmatan.
Ukara ing dhuwur dc iku peranganing wasittama kang kalebu ..
A; pembuka
B; penutup
C; surasa
D; titi mangsa
E; peprenahan

No-35
“Ibu kaliyan bapak saweg dhahar ing daleme simbah” menawa didadeake ngoko, benere ...
A; ibu karo bapak lagi mangan ing omahe simbah
B; ibu karo bapak lagi nedha ing daleme simbah
C; ibu karo bapak lagi dhahar ing daleme simbah
D; ibu lan bapak dhahar ing daleme simbah
E; ibu lan bapak mangan ing daleme simbah

No-35
Teks eksposisi iku nduweni sifat kang ..
A; fiksi
B; non fiksi
C; bisa menehi lelipur
D; runtut
E; digawe-gawe

No-36
Pungkasane swara ana ing pungkasane gatra diarani guru ..
A; swara
B; gatra
C; lagu
D; wilangan
E; irama

No-37
Sajroning gawe naskah pidato, kang wigati kaya pretelan iki, kajaba ..
A; nyiapake topik
B; golek lan ngumpulake bahan
C; gawa ragangan
D; sing diomongake cetha
E; nulis naskah

No-38
Rantaman lakon sandiwara, drama, film, apa dane sinetron, diarani..
A; teks
B; skenario
C; babak
D; sinopsis
E; monolog

No-39
Unsir instrinsik kang bangun geguritan saka saknjabaning geguritan ana ing ngisor iki, kajaba ..
A; agama lan politik
B; pendidikan lan sosial budaya
C; adat istiadat
D; jenis kelamin
E; silsislah keturunan

No-40
Wit mlinjo kang basa latine “Gnetum gnenom” tuwuh ngrembuyung ing bumi kita. Utamane ing tlatah ereng-erenge pegunungan Kendheng Kidul, kaya ing wilayah : Trenggalek, Pacitan, Wonosari, lsp. Surasane alineya ing dhuwur yaiku ..
A; wit mlinjo tuwuh ing negara kita
B; pegunungan kendeng kidul akeh wit mlinjo
C; wit mlinjo basa latine Gnetum gnenom
D; wit mlinjo urip ing ereng-erenge pegunungan
E; Trenggalek, Pacitan, wonosarim lsp. Klebu pegunungan

No-41
Wis pirang-pirang dina Bapak ora......ngendikane Ibu, Bapak lagi latihan nari ing kepatihan. Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku ..
A; mulih
B; teka
C; balik
D; kundhur
E; bali

No-42 sampai No-50
Aksara jawa
Comments
0 Comments

No comments:

Post a Comment

Kolom komentar terdapat opsi anonim